Selasa, 08 November 2016



Budhal Sekolah Jaman Sakiki Vs Tempoe Doeloe

            He cah, aku bingung arepe lapo. Judul iku mau entok inspirasi mari tangi turu. Wes-wes aku sakiki arepe cerita. Jaman biyen, jamane makku jik jaya alias jik imut-imut budhal sekolah iku mung siji sing dipikirke, “aku sekolah niat sinau.” Ora nggae koma. Budhal nganggo klambi gawe ngasak, ora sandalan iku wes katon wah. Amarga ngerti dhewe ta, wong jaman ndhisek pengen sekolah wae ngoyone na’udzubillah. Dadi yen wes iso budhal sekolah ae sueneng ora karo-karoan, budhal tok padhahal.
            Lah yen sekolah jaman sakiki, wususus. Warbyasah niate ora mung siji, jian semuangat yen wes niat. Nalika sedurunge budhal sekolah wae lek nyepakne sakjam dhewe. Khususe cah wedok iki. Budhal sekolah iku lek macak wuih ngalah-ngalahi salon tonggo omahku (ora ndhuwe salon padhahal). Rok yen nggawe diunjuk-unjukne nganti teka udel, sing ngisor katon endek kaya ngunu. Iya iku yen awake apik ngunu, langsing kan iya jik pantes. Lah iki awak pateng mecotot ngalah-ngalahi bodine gitar ae dipeksa, kaya lepet. Ngunu iku jik ditambahai, yen wedakan lek ora nggedebel putih kaya zombie iya ora puas, ngunu ritek jik ditambahai gincuan nanging lek ngarani lipgloss apa-apa iku loh. Kuandel ngunu kaya lambene mari dicelopne lengo. Ora puas teka kunu wae, jik ditambaahi nggambar gunung kembar sing lincip kaya jaman SD lek awakmu nggambar gunung ngunu, ngerti apa ora iku apa?, alis kuwi lho, aja salah paham. Mari ngunu isih ditambahi maneh, celak nganti cereng ngunu kaya tanggaku sing arepe budhal njaran. Wes mari macak yen nggawe kudung, yen ora dibatek nyang ngguri nganti poni mbrodol kabeh dicemiteni ning pinggiri janggut maju nganti matane ora ketok iya dibaleno terus mbuh nganio ping sepuluh ora urus. Penting hitz. Yen nganggo kasut diudut duowo nganti teka dengkul kaya arepe main futsal. Jarene wong ngunu iku kekinian nanging cabe, batinku brati kuwi cabe kekinian arepe lomba futsal?. Mbalik teka awal, yen wes macak kaya ngunu asline jare pak ****, sensor gak oleh sebut merk. Motivasine iku mung loro, yaiku nggawe bocah lanang seneng lek ora ngunu iya emoh kalah karo saingane(mak-mak PKK). Astaghfirullah.
Cuku sementen, matur nuwun. Gak lucu iya sepurane. Wassalam.

Rabu, 24 Agustus 2016

Ayang-ayang
Kediri, 05 Agustus 2016
Diary  
Aku ora ngerti tenan karo apa sing tak rasakake sakiki. Embuh ana apa yen kapethuk dheweke aku isih gugup lan ndredeg. Padhahal iki lho wis suwi. Ah, aku gak weruh lah. Ngelu dhewe aku ngerasakake.
            Bukuku tak tutup nalika aku wes rampung nulis apa sing tak rasakake. Dina-dina iki aku pancen rada aneh. Wong ngomong cemburu iku nalika kita tresna lan mangkel ing wektu bebarengan, apa iya tenan?.
“Ah. Embuh lah!, ana apa seh aku mikir iki terus, agawe ngelu wae. Kok iya aku tak ndang cepak-cepak budhal sekolah wae.” Kandhaku nggremeng dhewe banjur nyandak andhuk agawe adus.
***
“JAM KAPISAN DIWIWITI!” suarane sound pratanda masuk wes muni. Banjur aku mlayu saka parkiran amarga sedurunge antri marker sepeda. Tenan to keri!, batinku. Aku alon-alon ndodog banjur tak buka karo ngucapake salam.
“Lah dalah. anjrit!. Tak kirani ana gurune kok kelas sepi banget nyatane pada ngerjakne PR ta arek-arek iki?, tiwas nggupuhi rek-rek. Piye seh kon iku?.” Omongku dewe karo nggremeng                                 ngempet isin amerga wes kleru polah, nanging ing ati aku ngguyu ngakak dewe. Ora suwe gurune teko lan pelajaran diwiwiti. Aku paling ora seneng karo dina Juma’at amarga rasane kaya full day. Nalika mulih sekolah karo ngenteni sholat jum’at mari, aku ing kelas outubean.
“Sshh, kok kebelet ya, Vi ayo ngeterne aku menyang jedheng ndang?”
“Oalah Ran Rani, sek to jik seru iki lho, diempet wae,” kandhane Novi banjur fokus maneh karo laptope .
“Wes koyok ngene kon ngempet, alah ya wes aku budhal dewe!.”
“Hahaha lucune , hahaha.”Novi ngguyu ngakak dhewe kaya wong ora waras. Banjur aku mlaku menyang jedheng. Sepi amarga wes pada budhal jum’atan lan ana sing wes mulih. Ah lha nek taun wingi isih ana kakak kelas, ngene iki isih rame amarga kakak kelas mesthi guyon ndhisek ing ngarep kelas sadurunge budhal jumatan. Apa maneh dheweke mesthi basketan sadurunge budhal, dheweke iku mesthi dadi objek pengamatanku. Ah mesthi ta! Ana apa seh aku isih kelingan dheweke wae, sing liyane ora apa-apa nanging aja rasa iki lah!. batinku dhewe banjur mlaku bali menyang kelas.
“Loh, hei Lis!”
“Hei Ran!”
“Loh?. Iya mas. Lha sampean-sampean iki kok ana ing kene?” sauranku kaget setengah mati menyang mas Vani lan mas Nizam. amarga ora sengaja kapetuk ing kene padhahal wong loro wes lulus tahun iki. paling naming dolan wae, lan mas Vani wes jelas lah ora terima dolan nanging marani kanca seangkatanku kae, Vina.
“Ehem, ngelamun!. Hahaha santai vroh.” Gudhane mas Nizam.
“Ayo mas, aku menyang kelas ndisek ya?.”
“Ha, iya-iya!.” Saurane mas Vani.
Ah!, ngimpi apa aku wingi bengi kok bisa kapetuk wong iku. Embuh ana apa dadaku rasane sesek, rasane kudu nangis.
“Loh apa-apa an seh aku iki kok kaya ngene?. Heh kok nangis?. Emoh!.” Gremengku dhewe banjur mlaku menyang emperan ing tingkat loro. Sepi lan ayem ana ing kunu rasane, yen lagi ana masalah aku mesthi menyang ndhuwur.
***
“Ran, digoleki ynatane ana ing kene, heh Ran awakmu mau digoleki mas Vani loh, jarene durung sempet njaluk sepura. Hayo, hehehe..” kandhane Novi karo nggudha.

“Aku  mau wes petok kok,” sauranku karo setengah mesem ora ikhlas. Aku kadang emoh ngakuni yen aku dhewe isih ndhuweni rasa seneng marang mas Vani iku mau, amarga pengen ngadoh saka rasa iki. aku nyadari yen dheweke naming nganggep aku kanca masiya ndisek dadi kanca raket. Nanging amarga salah paham wonge melu ngadoh lan sakiki wes karo kancaku dhewe. Ah embuh lah!. sing jenenge ayang-ayang ya panggah wae ayang-ayang lan ora bakal bisa dadi siji karo objeke.