Rabu, 24 Agustus 2016

Ayang-ayang
Kediri, 05 Agustus 2016
Diary  
Aku ora ngerti tenan karo apa sing tak rasakake sakiki. Embuh ana apa yen kapethuk dheweke aku isih gugup lan ndredeg. Padhahal iki lho wis suwi. Ah, aku gak weruh lah. Ngelu dhewe aku ngerasakake.
            Bukuku tak tutup nalika aku wes rampung nulis apa sing tak rasakake. Dina-dina iki aku pancen rada aneh. Wong ngomong cemburu iku nalika kita tresna lan mangkel ing wektu bebarengan, apa iya tenan?.
“Ah. Embuh lah!, ana apa seh aku mikir iki terus, agawe ngelu wae. Kok iya aku tak ndang cepak-cepak budhal sekolah wae.” Kandhaku nggremeng dhewe banjur nyandak andhuk agawe adus.
***
“JAM KAPISAN DIWIWITI!” suarane sound pratanda masuk wes muni. Banjur aku mlayu saka parkiran amarga sedurunge antri marker sepeda. Tenan to keri!, batinku. Aku alon-alon ndodog banjur tak buka karo ngucapake salam.
“Lah dalah. anjrit!. Tak kirani ana gurune kok kelas sepi banget nyatane pada ngerjakne PR ta arek-arek iki?, tiwas nggupuhi rek-rek. Piye seh kon iku?.” Omongku dewe karo nggremeng                                 ngempet isin amerga wes kleru polah, nanging ing ati aku ngguyu ngakak dewe. Ora suwe gurune teko lan pelajaran diwiwiti. Aku paling ora seneng karo dina Juma’at amarga rasane kaya full day. Nalika mulih sekolah karo ngenteni sholat jum’at mari, aku ing kelas outubean.
“Sshh, kok kebelet ya, Vi ayo ngeterne aku menyang jedheng ndang?”
“Oalah Ran Rani, sek to jik seru iki lho, diempet wae,” kandhane Novi banjur fokus maneh karo laptope .
“Wes koyok ngene kon ngempet, alah ya wes aku budhal dewe!.”
“Hahaha lucune , hahaha.”Novi ngguyu ngakak dhewe kaya wong ora waras. Banjur aku mlaku menyang jedheng. Sepi amarga wes pada budhal jum’atan lan ana sing wes mulih. Ah lha nek taun wingi isih ana kakak kelas, ngene iki isih rame amarga kakak kelas mesthi guyon ndhisek ing ngarep kelas sadurunge budhal jumatan. Apa maneh dheweke mesthi basketan sadurunge budhal, dheweke iku mesthi dadi objek pengamatanku. Ah mesthi ta! Ana apa seh aku isih kelingan dheweke wae, sing liyane ora apa-apa nanging aja rasa iki lah!. batinku dhewe banjur mlaku bali menyang kelas.
“Loh, hei Lis!”
“Hei Ran!”
“Loh?. Iya mas. Lha sampean-sampean iki kok ana ing kene?” sauranku kaget setengah mati menyang mas Vani lan mas Nizam. amarga ora sengaja kapetuk ing kene padhahal wong loro wes lulus tahun iki. paling naming dolan wae, lan mas Vani wes jelas lah ora terima dolan nanging marani kanca seangkatanku kae, Vina.
“Ehem, ngelamun!. Hahaha santai vroh.” Gudhane mas Nizam.
“Ayo mas, aku menyang kelas ndisek ya?.”
“Ha, iya-iya!.” Saurane mas Vani.
Ah!, ngimpi apa aku wingi bengi kok bisa kapetuk wong iku. Embuh ana apa dadaku rasane sesek, rasane kudu nangis.
“Loh apa-apa an seh aku iki kok kaya ngene?. Heh kok nangis?. Emoh!.” Gremengku dhewe banjur mlaku menyang emperan ing tingkat loro. Sepi lan ayem ana ing kunu rasane, yen lagi ana masalah aku mesthi menyang ndhuwur.
***
“Ran, digoleki ynatane ana ing kene, heh Ran awakmu mau digoleki mas Vani loh, jarene durung sempet njaluk sepura. Hayo, hehehe..” kandhane Novi karo nggudha.

“Aku  mau wes petok kok,” sauranku karo setengah mesem ora ikhlas. Aku kadang emoh ngakuni yen aku dhewe isih ndhuweni rasa seneng marang mas Vani iku mau, amarga pengen ngadoh saka rasa iki. aku nyadari yen dheweke naming nganggep aku kanca masiya ndisek dadi kanca raket. Nanging amarga salah paham wonge melu ngadoh lan sakiki wes karo kancaku dhewe. Ah embuh lah!. sing jenenge ayang-ayang ya panggah wae ayang-ayang lan ora bakal bisa dadi siji karo objeke.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar